Pengertian Sesorah/Pidato Bahasa Jawa


Sesorah/pidato.utawa medharsabda yaiku wicara nglairake gagasan utawa oanemu saran lisan ing ngarepe wong akeh.Sesorah iku ngadepi wong sing maneka warna umpamame beda pangkat.tataran ilmu,sesrawungan,lan sapanugglane.

Tujuane wong pidato iku werna-werna kayata :
1.Lung tinampen/pasrah tampi
Yaiku sesorah kanggo masrahake lan nampa kayata lamaran,sarahan,utawa calon temanten.

2.Aatur pambagya 
Yaiku sesorah kanggo nampa rawuhe tamu ana ing acara apa wae kayata: mantenan,supitan,walimahan.

3.Aweh panglipur/hiburan
Sesorah aweh panglipyr ancase supaya sing mirengake bisa seneng atine,kayata:sesorah ana ngomahe wong sing lagi kesripahan.

4.Atur kabar/informasi
Nyeritakake bab bab maring pamiarsa/pendengar.Umpamane sesorah pelapuran ing rapat organisasi,promosi produk barang.

5. Pangajak
Sesorah iki sipate ngajak marang wong padha ngrungokake supaya kapikut,ketarik atine marang andharan mau.Umpamane sesorah ing papan ibadah,pengajian.

Wigatine Sesorah :
1. Basa
2. Busana
3. Swara
4. Solah bawa/sikap

Cengkorongan sesorah/pidato :

1. Salam pambuka
Ngaturake salam marang tamu kayata : Assalamualaikum Wr.WB...,wilujeng dalu,nuwun,kula nuwun,lan liya-liyane.
2. Purwaka 
Isine sapaan marang tamu lan ucapan syukur marang Allah SWT
3. Isi/wose
Isine bab apa wae kang bakal diaturake
4. Pengarep arep
Isi bab sing disuwunake marang para tamu,umpamane donga pangestu.pinutur.
5. Panutup
Isine njaluk pangapura marang para tamu anggine nampa rawuhe yen ana kekurangane
6. Salam penutup
Isine ngaturake salam marang para tamu lan tandha menawa acara wis paripurna

0 Response to "Pengertian Sesorah/Pidato Bahasa Jawa"

Posting Komentar